MATERI BASA JAWA PAWARTA 


 PAWARTA
    A.  Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kebutuhan kang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh.menowo dideleng seko saranane,ana pawarta kang nggunakake medhia chitak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik.
B. Supaya bisa nanggapi  utawa menehi panemu gegayutan karo pawarta kang di waca prayogane para siswa ngerti ragangan utawa strukture pawarta. Umume teks pawarta iju dumadi saka 4 perangan kang baku yaiku headline dateline lead lan blegere pawarta. 
    Irah irahane pawarta utawa ringkesane leae biasane diarani headline  gunane kanggo narik kawigatene pamaca isine mujudake ringkesan saka sak kabehane isi pawarta kang di tulis 1Dateline isine papan lan waktu kedadeyan utawa jenenge layang kabar lan papan kedadeyane 2 lead utawa emperane pawarta isine ringkesane pawarta gunane kanggo mbantu pamaca nemokake pokok isine pawarta 3 bleger iku bukti lan dhata kang disuguhake ing lead mau 
C. Jlentrehe pawarta kang wujude fakta dhata lan bukti bukti liyane iku papane ana ing perangan bleger. Cara anggone panulis nyuguhake bleger adhakane nggunake modhel piramida utawa kronologi  utawa piramida kuwalik utawa uga black paragraph.
    Modhel piramida iku yen anggone nganrharake pawarta diwiwiti saka bab kang ora pati penting nunu marang kang penting dhewe. Dene yen pawarta di jlentrehake saka perangan kang penting dhewe lagi katrangan katrangan kang ora pati penting iku tegese nggunakake modhel piramida kuwalik.
D.maca kanthi nyuwara iku maca kang di tujuake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya. Kang ngrungoake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi swara kang cukup kedal kang cetha lan unjal napas kang pener manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing tv ) kajaba prekara telu mau tambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif). 
   Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cheta lan kepenak ora keseron ya ora kelirihen kang di karepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane.swarane d.dh.t.th.a.o.u lan liya liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa indonesia diarane tempo lan penjedaan. Tempo Iku gegayutan karo alon rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan titik utawa komane anggone maca. 
 Sumber Gegaran nyinau Basa jawa 1 

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini