Katresnan kang sejati 
A. Crita rakyat

Crita rakyat crita kang di critakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajronging kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapituture. Tumraping bocah bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendidikan budi pekerti luhur tumrap bocah bocah crita rakyat ndue unsur2 pembangun, kayata tema, tokoh utama penokohan, latar (setting), alur (plot) sudhut pandang lan amanat 
Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang di waca. Latar yaiku papan panggonan. Wektu. Lan suwasana kedadeeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang duweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut urutane prastawa inng crita. Sudhut pandang yaiku cara pabdhang penganggit tumrap crita kang di anggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang di aturake dening penganggit marang wong kang maca 

Crita rakyat ngemu puwulang utawa nilai nilai, antarane yaiku nilai nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran kabiean lan karya cipta manungsa nilai nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungso nduweni sapadha lan nilai nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

√ Titikane crita rakyat 

A. Panyebarane kabthi lesan
B. Duweni sipat tradisional
C. Sugih cakrik lan variasi
D. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit
E. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane

Mumpangate crita rakyat yaiku;
A. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
B. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai nilai kebenaran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita
C. Mupangat estestis yaiku menehi nilai nilai kaendahan
D. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai nilai moral kang duwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek .
E. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaring agama kang di dadekake tuladha kanggo para kang maca.

√. Unsur crita rakyat
Crita rakyat nduweni unsur unsur instrinsik kayata
A. Tema yaiku ide pokok utawa petnasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
B. Latar seting yaiku latar belakang kang membantu cethaning laku crita kang ngemot waktu papan panggonan lan swasana.
C. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake ciri fisike lingkungane lan sapanunggalane .
D.alur plot yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
E. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita
F. Sudut pandang yaiku nyritake tokoh,barang,papan,lan sapanunggale.konflik yaiku perkara kang dadi punjetr crita.

B. Sinopsis 
Sinopsis yaiku ringkesan crita sala alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njletrehake crita sak kabehane Nalika bakal nulis sinopsis, bab bab kang dudu di gatekake
A.Tema : gagasan pokok,pokok crita
B.latar : papan lan wektu dumadine ptastawa
C.Alur : lakuning crita
D. Penokohan : paraga crita

  Sumber Gegaran Nyinau basa jawa 2

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini